22. Bareng ana ing kono pangwaosing Yehuwah nglimputi aku sarta aku banjur kadhawuhan mangkene: “Sira ngadega lan mangkata menyang ing lebak, ana ing kono sira bakal Sunpangandikani.”
23. Aku banjur ngadeg lan mangkat menyang ing lebak, lah ana ing kono kamulyane Sang Yehuwah katon kaya kamulyan kang wus dakdeleng ana ing pinggir kali Kebar; aku tumuli sujud.
24. Nanging aku banjur kapanjingan ing roh; aku diadegake. Panjenengane nuli ngandika marang aku mangkene: “Sira muliha, lumebua ing omahira sarta kancingen lawange.
25. Lah sira, he anaking manungsa, bakal katlikung kalawan tali lan bakal kabanda, satemah sira ora bisa nekani ana ing satengahe wong-wong mau,
26. apadene ilatira bakal Sundadekake kraket ing cethakira, satemah sira dadi bisu lan ora bakal bisa melehake wong-wong iku, awit iku jinis kang awatek mbalela.