10. Sabanjure pangandikane marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, nggatekna lan nilingna kupingira marang sakehing pangandikaningSun marang sira.
11. Lungaa nemonana para wong buwangan, para kanca kang tunggal bangsa kalawan sira, rembugana lan kandhaa marang wong-wong iku mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah; sanadyan padha gelem ngrungokake apa ora.”
12. Aku banjur kaangkat dening Sang Roh, sarta aku krungu swara gumuruh sora ana ing buriku, ing nalikane kamulyaning Allah mumbul saka ing panggenane,
13. yaiku swaraning swiwine para makhluk kang urip kang padha gesrek-gesrekan lan kajaba iku swaraning rodha-rodha kang gumledheg, swara gumuruh kang sora.
14. Sang Roh mau njunjung aku, kasingkirake; aku nuli lunga kalawan ati panas lan prihatin banget, amarga pangwaosing Pangeran Yehuwah banget-banget anggone meksa marang aku.