Yeheskiel 3:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Aku tumuli dipangandikani: “He, anaking manungsa, panganen apa kang sira temu iki; gulungan kitab iki panganen banjur lungaa, turune Israel sira kandhanana.”

2. Aku tumuli mangap sarta diparingi gulungan mau kakarsakake mangan.

3. Dhawuhe marang aku mangkene: “He, anaking manungsa, gulungan kang Sunparingake marang sira iki panganen, wetengira isenana iku.” Iku banjur dakpangan, ana ing cangkemku rasane legi kaya madu.

4. Pangandikane marang aku: “He, anaking manungsa, lungaa, turune Israel temonana lan dhawuhana pangandikaningSun.

5. Dene anggonira kautus iku ora marani bangsa kang basane ora mangretekake lan alot ilate, nanging marani bangsa Israel;

6. dudu bangsa akeh kang basane nyleneh lan kang alot ilate, kang tembung-tembunge sira ora mangreti. Saupama sira Sunutus nemoni bangsa kang mangkono, iku bakal ngrungokake sira.

7. Nanging turune Israel ora gelem ngrungokake sira, amarga ora gelem ngrungokake Ingsun, awit kabeh turune Israel iku bathuke atos lan atine wangkot.

8. Lah rainira Sundadekake atos kaya raine wong-wong iku sarta semangatira Sundadekake kuwat nglawan wangkoting atine.

Yeheskiel 3