14. Tuwin kaanane tanah Mesir bakal Sunpulihake sarta wong-wong mau bakal Sunbalekake marang tanah Patros, yaiku tanah asale; ana ing kana bakal dadi karajan kang ringkih.
15. Dadi karajan kang ringkih dhewe ana ing antarane karajan-karajan liyane lan ora bakal bisa ngunggulake awake maneh ngungkuli bangsa-bangsa liya. Bakal Sundadekake ringkih banget, satemah ora bakal bisa ngereh bangsa-bangsa maneh.
16. Lan ora bakal dadi andel-andele turune Israel maneh, kang ngelingake marang kaluputane Israel, manawa Israel marani lan njaluk tulung mrono. Ing kono Mesir bakal sumurup, manawa Ingsun iki Pangeran Yehuwah.”
17. Tumuli ing taun kang kaping pitulikur, tanggal siji sasi siji, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
18. “He, anaking manungsa, Nebukadnezar raja Babil, akon marang wadya-balane supaya padha ngepeng anggone nglawan Tirus; sakehing sirah wus gundhul lan sakehe pundhak wus padha babak, ewadene raja iku sarta wadya-balane ora oleh kauntungan saka ing Tirus ing bab anggone mbudidaya nglawan Tirus mau.