Yeheskiel 28:8-23 Kitab Sutji (JAV)

8. Sira kang pinatenanana ing tengahing samodrabakal diudhunake marang ing luwangan kuburan.

9. Apa sira isih bakal celathuana ing ngarepe kang mateni sira,ana ing tangane kang nuwek sira:Aku iki Allah?Mangka sira iku manungsa, dudu Allah.

10. Sira bakal mati dening wong mancakayadene wong kang ora tetak.Sabab Ingsun kang mangandikakake iku, makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.”

11. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

12. “He, anaking manungsa, sira nglairna pangadhuh tumrap raja ing Tirus lan tuturana mangkene: Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah:Sira iku gambaring kasampurnan,kebak kawicaksanan lan endahing endah.

13. Sira iku ana ing patamanan Eden, yaiku patamananing Allahkang kebak ing sarupaning sesotya kang akeh ajine:jaspis abang, krisolit lan yaspis ijo,sesotya pirus, krisopras lan nefrit,lazurit, sesotya mirah lan malakit.Embanane kang kagawe emaslan iku dicawisake ing dina sira katitahake.

14. Sira Sunpapanake cedhak lan kerub kang rumeksasira iku ana ing gununging Allah kang sucilan mlaku-mlaku ana ing satengahing sesotyakang mencorong.

15. Tindak-tandukira tanpa cacadwiwit ing dina sira katitahakenganti sira tinemu nglakoni duraka.

16. Sarehne sira dagang gedhesira banjur atindak keras lan gawe dosa.Mulane sira tumuli Sunbuwangsaka ing gununging Allah,sarta kerub kang rumeksabanjur nyirnakake sirasaka ing satengahe sesotya kang mencorong.

17. Sira gumunggung marga saka endahing warnanira,kawicaksananira sira sirnakake demi kamulyanira.Mulane sira Sunbuwang marang ing bumi,Sunpasrahake marang para rajadadi tontonan ana ing ngarepe.

18. Marga saka akehe kesalahaniralan kaculikanira ing sajroning laku dagangsira nerak kasucening pasucenira.Awit saka iku Ingsun bakal ngurubake geni saka ing tengahira,kang bakal mangsa sira nganti entek.Sira Sunetogake, dadi awu ana ing bumiana ing ngarepe kabeh kang ndeleng sira.

19. Kabeh wong ing antarane para bangsa kang wanuh marang sirapadha kaget nyumurupi kaananira.Wekasaning uripira nukulake pagiristuwin sira sirna ing salawas-lawase.”

20. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

21. “He, anaking manungsa, sira ngadega madhep ngener marang Sidon lan medhara wangsit nglawan marang nagara iku sarta kandhanana:

22. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he, Sidon, tuwin Ingsun ngatingalake kamulyaningSun ana ing tengah-tengahira. Apadene wong-wong bakal sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah, samangsa Ingsun ndhawahake paukuman marang Sidon lan nedahake kasuceningSun marang dheweke.

23. Ingsun bakal ndhatengake pageblug ana ing Sidon tuwin getih bakal wutah ana ing dalan-dalane sarta wong-wong bakal ambruk mati ana ing satengahe, marga kena ing pedhang kang teka saka ing sakubenge kang nglawan marang dheweke. Temah wong-wong bakal sumurup manawa Ingsun iki Yehuwah.

Yeheskiel 28