Yeheskiel 28:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, raja ing Tirus kandhanana: Pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Ing sarehne sira dadi gumunggunglan celathu: Aku iki Allah!Aku lungguh ing dhamparing Allah,ana ing tengahing samodra.Mangka sira iku manungsa,dudu Allah,sanadyan atinira rumangsapadha karo Allah.

3. Kawicaksananira pancen ngungkuli kawicaksanane Dhaniel;ora ana barang kang samar kang ora sira sumurupi.

4. Marga saka wicaksananira lan pangretenirasira oleh kasugihan.Emas lan salaka sira klumpukakeing gedhong raja-brananira.

5. Marga saka bangeting pinterira dedagangankasugihanira dadi akehlan iku njalari sira banjur gumunggung.

6. Milanipun pangandikanipun Pangeran Yehuwah makaten:Sarehne atinira rumangsa padha karo Gusti Allah,

7. mulane, lah Ingsun nimbali wong mancasupaya nglawan marang sira,yaiku bangsa kang ambek siya dhewe,kang bakal ngunus pedhange,banjur merangi kawicaksananira kang pinuji ikulan kamulyanira bakal dinajisake.

8. Sira kang pinatenanana ing tengahing samodrabakal diudhunake marang ing luwangan kuburan.

9. Apa sira isih bakal celathuana ing ngarepe kang mateni sira,ana ing tangane kang nuwek sira:Aku iki Allah?Mangka sira iku manungsa, dudu Allah.

Yeheskiel 28