8. Anak-anakira wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang; Nebukadnezar bakal gawe tembok pangepungan lan nganakake piranti panjebol sarta masang tameng nglawan sira.
9. Totog-totog piranti panjebol bakal ditatabake marang tembok-tembokira, tuwin panggung-panggungira bakal karubuhake sarana linggise.
10. Saka akehe jaran nganti sira bakal kalimputan ing bledug; marga saka gumredege lakune prajurit jaranan lan kumrasake swarane rodhaning karetane tembok-tembokira bakal kedher, manawa dheweke lumebu ing gapuranira kayadene wong kang lumebu ing kutha kang wus bedhah marga saka wus kajebol.
11. Dalan-dalanira kabeh bakal kaidak-idak ing sikile jaran; rakyatira bakal kapatenan kalawan pedhang sarta tugu-tugu kang dadi andel-andelira bakal karubuhake ing lemah.
12. Kasugihanira bakal karampas, barang-barang daganganira bakal dijarah-rayah; tembok-tembokira bakal dirubuhake sarta omah-omahira kang endah bakal kaebrukake; watunira, kayunira lan tanahira bakal kacemplungake ing banyu.
13. Ramening kekidunganira bakal Sunuwisi lan swaraning clempungira bakal ora keprungu maneh.
14. Sira bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul, satemah sira bakal dadi panggonan kanggo ngepe jala, sarta sira ora bakal kabangun maneh, awit Ingsun, Yehuwah kang ngandika mangkono. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.