Yeheskiel 26:7-12 Kitab Sutji (JAV)

7. Amarga mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun nimbali Raja Nebukadnezar saka ing lor, ratu ing Babil, ratuning sakehe ratu, supaya nglawan Tirus kalawan nggawa jaran, kareta, prajurit jaranan lan wadya-bala sagelengan gedhe.

8. Anak-anakira wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang; Nebukadnezar bakal gawe tembok pangepungan lan nganakake piranti panjebol sarta masang tameng nglawan sira.

9. Totog-totog piranti panjebol bakal ditatabake marang tembok-tembokira, tuwin panggung-panggungira bakal karubuhake sarana linggise.

10. Saka akehe jaran nganti sira bakal kalimputan ing bledug; marga saka gumredege lakune prajurit jaranan lan kumrasake swarane rodhaning karetane tembok-tembokira bakal kedher, manawa dheweke lumebu ing gapuranira kayadene wong kang lumebu ing kutha kang wus bedhah marga saka wus kajebol.

11. Dalan-dalanira kabeh bakal kaidak-idak ing sikile jaran; rakyatira bakal kapatenan kalawan pedhang sarta tugu-tugu kang dadi andel-andelira bakal karubuhake ing lemah.

12. Kasugihanira bakal karampas, barang-barang daganganira bakal dijarah-rayah; tembok-tembokira bakal dirubuhake sarta omah-omahira kang endah bakal kaebrukake; watunira, kayunira lan tanahira bakal kacemplungake ing banyu.

Yeheskiel 26