1. Ing nalika taun kang kaping sawelas, tanggal sapisan ing sasi kang lumaku, ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:
2. “He, anaking manungsa, ing sarehne Tirus celathu bab Yerusalem mangkene: Sokur! Wus rusak gapurane bangsa-bangsa iku; mengane marep mrene, satemah aku bakal dadi kebak, nanging iku wus dadi reruntuhan.
3. Mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun dadi mungsuhira, he Tirus. Ingsun bakal nimbali bangsa akeh, supaya padha nglawan sira, nganti kaya samodra kang metokake alun.
4. Iku bakal nyirnakake tembok-temboke Tirus lan ngrubuhake panggung-panggunge, lebuning tanahe bakal Sunbuwangi nganti resik tuwin Tirus bakal Sundadekake gunung parang kang gundhul.
5. Iku bakal dadi papan kanggo ngepe jala ana ing tengah samodra, awit Ingsun kang mangandikakake iku, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, iku bakal dadi jarahaning para bangsa.
6. Anak-anake wadon kang ana ing dharatan bakal dipateni kalawan pedhang, satemah banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.