Yeheskiel 24:11-27 Kitab Sutji (JAV)

11. Kenceng kang kothong iku engkrengna ing geni mawa, supaya panas lan tembagane mengangah, satemah reregede ing jero sirna lan taiyenge ilang.

12. Nanging rekasaningSun iku tanpa guna, sabab taiyenge kang kandel iku ora gelem ilang, sanadyan ana ing sajroning geni.

13. Ing sarehne sira najisake awakira kalawan kanisthanira sarta Ingsun karsa ngresikake sira, nanging sira ora dadi resik, mulane sira ora bakal karesikan maneh, nganti Ingsun wus ngesokake dukaningSun marang sira.

14. Ingsun Yehuwah, kang mangandikakake iku. Iku mesthi bakal kelakon sarta Ingsun kang bakal nandukake. Ingsun ora bakal mundur lan ora bakal ngraos mesakake sarta ora bakal keduwung. Sira bakal Sunadili manut panggawenira, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

15. Sawuse mangkono tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

16. “He, anaking manungsa, lah Ingsun bakal mundhut saka ing sira kang banget sira tresnani kalawan lara dadakan, nanging sira aja ngadhuh-adhuh utawa nangis sarta aja ngruntuhake eluh.

17. Anggonira ngesah aja nganti nywara, aja nganakake patangisan kepaten; ubedna serbanira lan nganggoa trumpahira, aja nutupi rainira lan aja mangan roti palayadan.”

18. Esuke aku rembugan karo bangsa iku, sorene bojoku tinggal donya. Esuke ing dina candhake aku nglakoni apa kang kadhawuhake marang aku.

19. Bangsa iku banjur celathu marang aku: “Punapa panjenengan boten karsa paring sumerep dhateng kula, punapa tegesipun punika tumrap kula sadaya, dene panjenengan kok tumindak makaten?”

20. Banjur padha dakwangsuli mangkene: “Sang Yehuwah wus ngandika marang aku:

21. Kandhaa marang turune Israel: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Satemen-temene Ingsun bakal najisake papan pasuceningSun, kang dadi kaluhurane pangwasanira, kasenengane mripatira lan nyawanira; sarta anak-anakira lanang lan wadon kang padha sira tinggal iku bakal padha mati dening pedhang.

22. Ing kono kowe bakal padha nglakoni apa kang daktindakake: Raimu bakal ora padha koktutupi, lan kowe ora bakal padha mangan roti palayadan.

23. Sirahmu bakal padha kokenggoni serban lan sikilmu bakal kokenggoni trumpah; tuwin kowe ora bakal padha ngadhuh-adhuh utawa nangis. Nanging kowe bakal padha lebur ing sajroning paukumanmu lan kowe bakal padha genten ngesah.

24. Kaya mangkono Yeheskiel bakal dadi gegambaran tumrap sira kabeh. Sira bakal padha nglakoni trep karo kang katindakake. Manawa iku wus kelakon, sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Pangeran Yehuwah.

25. Anadene sira, he, anaking manungsa, apa ora mangkene kang bakal kelakon iku? Ing dina anggoningSun mundhut betenge, pepasrene, kang nyenengake atine, kasenenganing mripate lan kang kaangen-angen dening nyawane, anak-anake lanang lan wadon,

26. ing dina iku uga bakal ana wong kang bisa oncat, kang teka nggawa pawarta marang sira.

27. Ing dina iku cangkemira bakal kabukak lan sira bakal caturan karo wong kang oncat mau sarta banjur ora lestari bisu. mangkono anggonira dadi pralambang tumrap para wong mau tuwin iku banjur padha sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

Yeheskiel 24