Yeheskiel 22:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, sira anaking manungsa, apa sira gelem nibakake paukuman, nibakake paukuman marang kutha kang kebak getih iku? Iku sira kandhanana bab sakehing panggawene kang nistha,

3. sarta tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Heh kutha kang ngwutahake getih ana ing tengahira, satemah wus tumeka ing mangsane tibaning paukumanmu, lan kang gawe brahala-brahala kang najisake sira.

4. Marga saka anggonira ngwutahake getih iku sira nindakake kaluputan, tuwin marga saka anggonira gawe brahala-brahala iku sira dadi najis; marga saka mangkono sira njalari tekane mangsanira lan wekasaning taun-taunira. Mulane sira Sundadekake cacadaning para bangsa lan pepoyokaning sakehe nagara.

5. Kang cedhak tuwin kang adoh saka sira bakal padha moyoki sira, kang kejuwara kanisthanira tuwin kang kebak ruara iku.

6. Lah para panggedhening Israel padha ngendelake kakuwatane anggone ngwutahake getih ana ing tengahira.

7. Ana ing sira bapa lan biyung padha dicecamah lan ana ing tengahira wong manca dikaniaya, ana ing sira bocah yatim lan randha padha katindhes.

8. Samubarang kang suci tumrap Ingsun sira anggep dudu apa-apa sarta dina-dina SabatingSun sira najisake.

9. Juru pitenah padha ana ing tengahira sumedya ngwutahake getih, uga wong kang mangan daging kurban ing gunung-gunung; wong padha nglakoni kanisthan ana ing tengahira.

10. Ana ing sira wong kelakon ngungkabi kawirangane bojone bapakne lan sapaturon karo wong wadon kang lagi nggarap sari kang gawe najise.

11. Kang siji tumindak nistha karo bojone pepadhane, dene sijine nglakoni mangkono karo mantune wadon, ana maneh kang sapaturon karo sadulure wadon anake bapakne.

Yeheskiel 22