Yeheskiel 21:5-13 Kitab Sutji (JAV)

5. Ing kono wong kabeh bakal padha sumurup, manawa Ingsun, Yehuwah ngunus pedhangingSun saka ing warangkane sarta ora bakal kawarangkakake maneh.

6. Anadene sira anaking manungsa, sesambata! Sira sesambata ana ing ngarepe wong-wong mau kaya wong kang tugel bangkekane lan kang ana ing sajroning kasangsaran kang pait.

7. Dene manawa padha takon marang sira: Yagene kowe sesambat? Wangsulana: Marga saka ana pawarta! Manawa pawarta iku wus sumebar, saben wong atine bakal remuk lan sakehe tangan dadi jimpe, sakehe semangat ilang lan sakehe wong padha giris nganti kapoyuh-poyuh. Lah iku bakal teka lan mesthi bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”

8. Banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene:

9. “He, anaking manungsa, sira medhara wangsit lan pratelakna: Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Pedhang! Pedhang! Kang wus diasah lan uga wus kagebeg!

10. Diasah kanggo ngwutahake getih lan kagebeg supaya kelap-kelap kaya kilat. Apa aku kabeh bakal padha bungah-bungah? -- Tekene putraningSun iku ngremehake sawernane kayu!

11. Pedhang iku kapasrahake supaya kagebeg lan kena dianggo; pedhang iku kaasah lan kagebeg nuli kawenehake marang ing tangane si juru memateni.

12. Jerit-jerit lan nangisa, he anaking manungsa! Amarga pedhang iku kanggo nglawan umatingSun tuwin nglawan sakehing panggedhening Israel; wong-wong iku lan umatingSun padha bareng kamangsa ing pedhang. Mulane sira ceblek-cebleka cethik minangka tandhaning kasusahan.

13. Awit wis kelakon cinoba lan ora ana siji bae kang bisa tahan. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

Yeheskiel 21