14. Nanging anggoningSun tumindak mangkono iku marga saka asmaningSun, supaya aja kanajisake ana ing ngarepe para bangsa, kang nyumurupi dhewe, nalika padha Sunirid metu iku.
15. Ewasamono ana ing ara-ara samun Ingsun supaos ana ing ngarepe, manawa ora bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus Sunparingake, kang mili susu lan madu, tanah kang endah ana ing antarane sakehing nagara,
16. amarga padha nampik marang pranataningSun sarta ora lumaku manut ing katetepaningSun apadene padha nerak kasucening dina-dina SabatingSun, sabab atine padha ngeloni para brahalane.
17. Ewadene Ingsun ngraos welas mirsani wong-wong mau, satemah ora Sunsirnakake lan ora Suntumpes nganti tapis ana ing ara-ara samun.
18. DhawuhingSun marang para anake ana ing ara-ara samun mangkene: Lakunira aja padha manut marang ing katetepane bapakira lan aja padha nggondheli marang pranatane sarta aja padha najisake awakira kalawan para brahalane.
19. Ingsun iki Yehuwah Allahira. Padha lumakua manut ing katetepaningSun sarta padha nindakna pranataningSun kalawan setya,
20. dina-dina SabatingSun padha sira sucekna, supaya iku dadia pratandha ing antaraningSun lan sira kabeh, satemah wong banjur sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira.