Yeheskiel 19:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Anake iki srawungan karo singa akehnuli wus dadi singa enomlan sinau ndedekepmalah banjur mangsa manungsa.

7. Betenge padha karusak,kuthane padha kaobrak-abrik;bumi dalah saisine kabeh padha kagetkrungu swarane panggerone.

8. Para bangsa nuli padha gumregah nglawansaka ing wilayah-wilayah ing sakubenge,padha masang jaring kanggo nyekellan banjur kacegur ing luwangan pasangan.

9. Tumuli dilebokake ing kandhang kalawan keluhan,wasana banjur kasebakake menyang ing ngarepe ratu ing Babil; lan kalebokake ing pakunjaran,supaya swarane aja kaprungu manehana ing gunung-gununge Israel.

10. Ibunira iku kaya wit anggur ana ing pakebonan anggurkang katandur ing sacedhaking banyu,banjur awoh lan ngepangamarga saka akehe banyune.

Yeheskiel 19