Yeheskiel 17:6-16 Kitab Sutji (JAV)

6. satemah banjur thukul dadi wit anggur kang ketel, endhek pange akeh padha tumelung ngener marang manuk mau, dene oyod-oyode tetep ana ing sangisore. Mangkono anggone banjur dadi wit anggur kang metu elunge lan trubusane nggedhabyah.

7. Ing kono nuli ana manuk garudha gedhe liyane, kang swiwine gedhe, wulune ketel. Lah wit anggur mau banjur ngenerake oyod-oyode marang manuk iku lan pang-pange ditelungake mrono uga, supaya manuk iku ngilenana luwih becik tinimbang karo papan tumancepe.

8. Mangka wit iku wus katandur ing pategalan kang becik, cedhak karo banyu akeh kang luber supaya banjur metu pang-pange lan awoh sarta supaya dadi wit anggur kang becik.

9. Sira tutura: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Kang mangkono iku apa bakal mikolehi? Apa oyod-oyode ora bakal didhungkari ing wong lan wohe apa ora bakal dirantasi, satemah godhong-godhonge kang enom padha dadi garing? Ora usah tangan kang rosa lan wong akeh kang mbedhol saoyod-oyode.

10. Lah ta iku pancen ditandur, nanging apa bakal ana kasile? Apa iku ora bakal alum garing manawa katempuh ing angin wetan? Mesthi bakal alum lan garing ana ing papan thukule iku.”

11. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

12. “Tutura marang golongan mbalela iku mangkene: Apa sira ora sumurup marang tegese iki? Kandhanana: Lah ratu Babil bakal teka ing Yerusalem lan nyekel ratune sarta para panggedhene banjur padha diboyongi menyang ing Babil.

13. Nuli njupuk sawijining turuning ratu, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah. Wong-wong kang nyekel pangwasa ing nagara kono iya padha dicekeli,

14. supaya karajan iku dadi ringkih lan ora mbalela maneh, uga supaya netepi prajanjiane sarta kalawan mangkono banjur bisa lestari madeg.

15. Nanging wong iku meksa mbalela marang ratu ing Babil, nglakokake kongkonan menyang Mesir, supaya kabantonana jaran lan wadya-bala akeh. Apa bakal kelakon karepe? Apa wong kang mangkono pratingkahe iku bisa oncat? Apa wong kang mbubrah prajanjian iku bisa oncat?

16. Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- wong iku mesthi bakal mati ana ing nagara Babil, ing panggonane raja kang ndadekake ratu, amarga nganggep entheng marang sumpahe marang raja iku lan mbubrah prajanjiane kalawan raja mau.

Yeheskiel 17