46. Mbakyunira kang tuwa dhewe iku Samaria, kang manggon ing salorira karo anak-anake wadon, tuwin adhinira wadon iku Sodom kang manggon ing sakidulira karo anak-anake wadon.
47. Pratingkahira iku rak niru panggawene wong-wong iku sarta kang sira tindakake iku niru panggawe-panggawene kang asor; malah ora let suwe panggawenira ing sajegira urip banjur ngluwihi alane wong-wong iku.
48. Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sadulurira wadon Sodom saanak-anake wadon ora nindakake apa kang sira lakoni kalawan anak-anakira wadon.
49. Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat.
50. Banjur padha kumlungkung lan padha nindakake kanisthan ana ing ngarsaningSun; mulane bareng Ingsun nguningani bab iku, banjur padha Sundohake.
51. Dene Samaria iku anggone nglakoni dosa ora ana saparonira, nanging sira malah tumindak nistha ngluwihi sakarone iku, satemah marga saka anggonira nglakoni sakehing durakanira iku, sira njalari para sadulurira wadon katon ora luput.
52. Mulane, heh sira, sira nyanggaa kawiranganira dhewe, kang njalari paukuman tumrap sadulur-sadulurira wadon luwih entheng katimbang kang tumrap sira; marga saka dosa-dosanira ngluwihi nisthane para sadulurira, mulane iku padha luwih resik katimbang sira. Mulane isina lan nyanggaa kawiranganira dhewe, awit sira njalari sadulur-sadulurira wadon padha katon ora luput.”
53. “Nanging Ingsun bakal damel pulihing kaanane, Sodom saanak-anake wadon sarta Samaria saanak-anake wadon, apadene Ingsun uga bakal mulihake kaananira ana ing satengahe wong-wong mau,
54. supaya sira nyanggaa ing kawiranganira lan supaya sira rumangsaa isin marga saka sakehing panggawenira iku.