36. Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing sarehne sira ngobral-obral kanisthanira lan sira miyak wewadinira ing sajroning kanisthanira kalawan wong kang seneng karo sira sarta kalawan brahalanira apadene marga saka getihe anak-anakira kang sira kurbanake marang iku,
37. lah marga saka iku Ingsun bakal nglumpukake sakehing wong kang padha sira senengi, yaiku kang padha nggegendeng atinira, para wong kang sira dhemeni lan kang sira sengiti; iku bakal padha Sunklumpukake saka ing sakiwa tengenira kanggo nglawan sira, tuwin Ingsun bakal mbiyak wewadinira ana ing ngarepe wong-wong iku, supaya padha ndeleng wewadinira kalawan cetha.
38. Sira bakal Sunadili kayadene patrape wong ngadili wong kang laku jina lan kang ngwutahake getih apadene Ingsun bakal ngesokake marang sira bebendu lan butarepaningSun.
39. Sira bakal Sunulungake marang ing tangane wong-wong mau, papanira kang dhuwur bakal Sunjugrugi sarta tengger-tenggerira bakal Sunrusak; sira bakal diwudani dening wong-wong iku, rerengganira bakal karampas, sira banjur katinggal wuda mblejed.
40. Wong-wong iku bakal ngundang wong sagrombolan kang dikon nglawan marang sira; iku bakal mbenturi sira nganggo watu sarta nuwek sira kalawan pedhange.
41. Omahira bakal padha diobongi lan sira bakal dipatrapi paukuman ana ing ngarepe wong wadon akeh. Kanthi patrap mangkono iku anggoningSun nglereni anggonira tumindak nistha, tuwin opahing kanisthan ora bakal sira wenehake maneh.
42. Kaya mangkono anggoningSun ngesokake dukaningSun marang sira, satemah bentering panggalihingSun banjur sirep; Ingsun dadi aring sarta wus ora gerah ing panggalih maneh.
43. Ing sarehne sira ora eling marang nalika sira isih enom, nanging kalawan iku mau kabeh gawe dukaningSun nganti gumeter, lah Ingsun uga bakal nampekake panggawenira iku marang sirahira, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- panggawenira kang nistha iki apa sira imbuhi kalawan sakehing tindakira kang asor?
44. Lah saben ahli bebasan bakal nyemoni sira mangkene: Ibune mangkono, anake iya mangkono!
45. Sira iku anake ibunira, kang wus jeleh marang bojone lan anak-anake lanang, sarta sira iku adhine wadon mbakyu-mbakyunira, kang wus bosen marang bojone lan anak-anake lanang. Ibunira iku Heti lan bapakira iku wong Amori.
46. Mbakyunira kang tuwa dhewe iku Samaria, kang manggon ing salorira karo anak-anake wadon, tuwin adhinira wadon iku Sodom kang manggon ing sakidulira karo anak-anake wadon.
47. Pratingkahira iku rak niru panggawene wong-wong iku sarta kang sira tindakake iku niru panggawe-panggawene kang asor; malah ora let suwe panggawenira ing sajegira urip banjur ngluwihi alane wong-wong iku.
48. Demi Ingsun kang gesang -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah -- sadulurira wadon Sodom saanak-anake wadon ora nindakake apa kang sira lakoni kalawan anak-anakira wadon.
49. Lah ta mungguh kaluputane sadulurira wadon Sodom iku mangkene: gumunggung, bisa mangan nganti turah-turah sarta seneng uripe dalasan para anak-anake wadon, nanging ora tetulung marang para wong sangsara lan mlarat.
50. Banjur padha kumlungkung lan padha nindakake kanisthan ana ing ngarsaningSun; mulane bareng Ingsun nguningani bab iku, banjur padha Sundohake.
51. Dene Samaria iku anggone nglakoni dosa ora ana saparonira, nanging sira malah tumindak nistha ngluwihi sakarone iku, satemah marga saka anggonira nglakoni sakehing durakanira iku, sira njalari para sadulurira wadon katon ora luput.
52. Mulane, heh sira, sira nyanggaa kawiranganira dhewe, kang njalari paukuman tumrap sadulur-sadulurira wadon luwih entheng katimbang kang tumrap sira; marga saka dosa-dosanira ngluwihi nisthane para sadulurira, mulane iku padha luwih resik katimbang sira. Mulane isina lan nyanggaa kawiranganira dhewe, awit sira njalari sadulur-sadulurira wadon padha katon ora luput.”