Yeheskiel 16:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:

2. “He, anaking manungsa, Yerusalem sumurupna marang panggawe-panggawene kang nistha.

3. Lan tutura mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah marang Yerusalem: Asalira lan kalairanira iku saka ing tanah Kanaan; bapakira iku wong Amori lan ibunira wong Heti.

4. Kalairanira iku mangkene: Nalika sira dilairake, puserira ora dikethok lan sira ora didusi nganggo banyu supaya resik; sira uga ora dikosoki nganggo uyah utawa digedhong.

5. Ora ana siji-sijia kang ngrasa welas marang sira kang banjur nandukake iku mau marang sira marga saka anggone kadunungan rasa welas; sira malah nuli kabuwang menyang ing ara-ara, amarga nalika lairira kaanggep tanpa aji dening wong.

6. Ingsun tumuli tindak langkung lan ningali sira kroncalan kalawan kuthah getih, sarta sajrone sira kuthah getih iku Ingsun ngandika marang sira: Sira kudu urip

7. lan dadi gedhe kaya tetuwuhan ing ara-ara! Sira dadi gedhe tuwin wus cukup umurira, malah banjur wus diwasa; payudaranira menter-menter, rambutira wus thukul, nanging sira wuda mblejed.

Yeheskiel 16