8. Iku bakal Sunlawan piyambak lan bakal Sundadekake tandha lan gegambaran sarta bakal Sunsirnakake saka ing satengahing umatingSun. Ing kono sira bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah.
9. Manawa nabi iku nganti kena kabujuk lan banjur nglairake sadhengah tembung, Ingsun, Yehuwah mesthi bakal mbujuk nabi iku, sarta bakal ngayatake astaningSun nglawan marang wong iku, tuwin wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe umatingSun Israel.
10. Iku bakal padha nanggung kaluputane dhewe-dhewe, iya kang njaluk pituduh iya nabi mau,
11. supaya turune Israel aja padha kesasar maneh ora manut marang Ingsun lan aja najisake awake maneh kalawan sakehing panerake. Kalawan mangkono banjur padha dadi umatingSun sarta Ingsun dadi Allahe. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
12. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene: