1. Nuli ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
2. “He, anaking manungsa, sira iku manggon ana ing satengahing golongan kang mbalela kang ana mripate kanggo ndeleng, nanging ora ndeleng lan ana kupinge kanggo ngrungokake, nanging ora krungu, amarga iku golongan kang mbalela.
3. Mulane sira, anaking manungsa, nyawisna kapreluaning wong buwangan lan ing wayah awan sira lumakua kayadene wong buwangan ana ing ngarepe wong-wong mau; mangkata saka ing panggonanira saiki menyang panggonan liyane kayadene wong buwangan ana ing ngarepe. Bokmanawa banjur padha ngakoni manawa padha wangkot.
4. Barang-barangira sira gawanana metu kayadene barange wong buwangan ing wektu awan, ana ing ngarepe wong-wong mau; lan ing wayah bengi sira dhewe metua ing sapandelenge wong-wong mau, kayadene wong kang kudu metu lan mangkat menyang ing papan pambuwangan.
5. Sira gawea bolongan ing tembok ing sapandelenge wong-wong mau sarta metua mbrobos ing kono.
6. Barang-barangira panggulen ana ing ngarepe lan gawanen metu ing wayah bengi kang peteng; sira nutupana rainira, nganti sira ora ndeleng lemah; amarga sira Sundadekake gegambarane turune Israel.”
7. Aku banjur nindakake apa sadhawuhe marang aku: ing wayah awan aku nggawa barang-barang kayadene barange wong buwangan lan ing wayah bengi aku gawe bolongan ing tembok kalawan tanganku; ing wayah bengi kang peteng ing sapandelenge wong-wong mau aku metu kalawan manggul barang-barangku.
8. Esuke ana pangandikane Pangeran Yehuwah marang aku mangkene:
9. “He, anaking manungsa, apa turune Israel jinis kang wangkot iku ora takon marang sira: Panjenengan punika nindakaken punapa?
10. Iku wangsulana mangkene: Pangeran Yehuwah ngandika mangkene: Wangsite Allah iki tumuju marang ratu ing Yerusalem lan kabeh turune Israel kang ana ing kana.
11. Sira tutura: Aku iki dadi gegambaran tumrap kowe kabeh. Apa kang daktindakake iki bakal tumanduk marang wong-wong iku: bakal dadi wong buwangan kabuwang menyang ing pambuwangan.
12. Lan ratune bakal manggul barang-barange ing wayah bengi kang peteng lan bakal tindak miyos. Wong bakal mbotol tembok kanggo dalan miyose. Panjenengane bakal nutupi pasuryane supaya ora mirsa lemah.