Yeheskiel 10:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. Katone kapat pisan iku padha, kaya-kaya rodha kang siji dumunung ing satengahe rodha sijine.

11. Manawa ngglindhing bisa ngener ing patang panggonan, ora nganggo mingar-minger lakune, amarga menyang ngendi parane rodha kang ngarep, rodha liya-liyane padha ngetutake, tanpa mingar-minger lakune.

12. Badane kerub sakojur, gegere, tangane, swiwine lan rodhane kapat pisan kebak mripat mubeng.

13. Sakrunguku rodha-rodhane iku jenenge “rodha mubeng”.

14. Siji-sijine kadunungan rai papat: kapisan rai kerub, kapindho rai manungsa, katelu rai singa lan kapate rai garudha.

15. Kerub mau banjur padha mumbul. Iku makhluk kang urip kang dhek biyen dakdeleng ana ing sapinggiring kali Kebar.

16. Manawa kerub iku lumaku, rodha-rodhane iya ngglindhing ing sandhinge, manawa kerub iku ngegarake swiwine arep mabur saka ing lemah, rodha-rodha mau iya ora obah saka ing sandhinge.

17. Manawa kerub mau padha leren, rodha-rodhane iya leren; manawa kerub iku padha mumbul, rodhane iya melu mumbul, awit rohe makhluk kang padha urip iku dumunung ana ing rodha-rodha kono.

18. Kamulyaning Yehuwah tumuli nilar tlundhaging lawange Padaleman Suci lan pindhah ing sadhuwuring kerub.

19. Kerub-kerub iku padha ngegarake swiwine lan nalika lungane aku sumurup, iku padha mumbul saka ing lemah bebarengan karo rodha-rodhane. Banjur padha leren ing sacedhaking lawange gapurane padalemane Pangeran Yehuwah kang ana ing sisih wetan, tuwin kamulyane Allahe Israel ana ing sadhuwure.

20. Yaiku makhluk-makhluk urip kang dhek biyen dakdeleng ana ing sangisoring Allahe Israel ana ing pinggir kali Kebar. Lan aku mangreti, manawa iku kerub.

21. Siji-sijine ana raine papat sarta ing sangisore swiwine ana kang wangune kaya tanganing manungsa.

22. Katone raine ceples karo kang dakdeleng ana ing sapinggiring kali Kebar. Kabeh lakune padha terus lenceng manut enering adhepe.

Yeheskiel 10