9. swiwine padha gathuk; manawa lumaku ora nganggo mingar-minger, nanging ing sapenering adhepe.
10. Raine katone mangkene: Kapat pisan raine kang ngarep rai manungsa, kang sisih tengen rai singa, kang sisih kiwa rai sapi, kang ana ing buri rai manuk garudha.
11. Swiwine padha kaegarake mandhuwur, sarta adu pucuk ngloro-ngloro, dene swiwi liyane nutupi awake.
12. Kabeh lakune ing sapenere adhepe, menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono parane; anggone lumaku ora nganggo mingar-minger.
13. Ing satengahing makhluk-makhluk mau ana kang katon kaya mawa geni mengangah, kayadene obor kang obah mrana-mrene ana ing antarane makhluk-makhluk kang urip iku; geni mau mubyar sarta metu kilate kang padha sesamberan.
14. Makhluk-makhluk kang urip iku padha mabur mrana-mrene kaya thathit.
15. Aku ndeleng, lah ing bumi ana rodha ngadeg sandhing makhluk-makhluk papat mau ing iringane ana rodhane siji,
16. rupane mencorong kaya sesotya pirus, kapate kembar lan katone ing tengahing rodha kaya ana rodhane.
17. Manawa padha lumaku, bisa ngener menyang ing keblat papat, ora nganggo mingar-minger.
18. Rodha-rodha mau ana wengkune lan aku ndeleng wengku kapat pisan iku padha kebak mata mubeng.
19. Manawa makhluk kang urip iku padha lumaku, rodhane uga lumaku ing sandhinge; lan manawa makhluk kang urip iku padha kaumbulake saka ing bumi, rodhane iya padha katut kaumbulake.