1. Ing taun kang kaping telung puluh, tanggal kaping lima sasi papat, nalika aku ana ing pinggir kali Kebar bebarengan karo para wong buwangan, nuli langit piyak lan aku sumurup wahyu saka ing Allah.
2. Ing tanggal kaping lima sasi iku, yaiku ing taun kalimane sawuse Sang Prabu Yoyakhin kakendhangake,
3. ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumuju marang Imam Yeheskiel, putrane Sang Busi, ana ing nagarane wong Kasdim ing pinggir kali Kebar, sarta ana ing kono panjenengane kalimputan ing pangwaose Sang Yehuwah.
4. Aku banjur ndeleng, lah ana prahara saka ing lor, kang nggawa mendhung kandel lan geni mulad-mulad; mendhung mau kinubengan ing pepadhang kang sumorot; ing jerone kaprenah ing satengahing geni iku ana kang kaya swasa mencorong.
5. Ing tengah-tengahe kono uga ana kang rupane kaya makhluk papat kang urip, lan iku katone mangkene: rupane kaya manungsa,
6. nanging siji-sijine raine papat lan ana swiwine papat.
7. Sikile lenceng-lenceng, sarta tlapakane kaya tracak pedhet, mencorong kaya swasa kang mentas kagebeg.
8. Ing sangisoring swiwi ana tangan manungsa kaprenah ing sisih papate pisan. Dene rai lan swiwine mau mangkene:
9. swiwine padha gathuk; manawa lumaku ora nganggo mingar-minger, nanging ing sapenering adhepe.
10. Raine katone mangkene: Kapat pisan raine kang ngarep rai manungsa, kang sisih tengen rai singa, kang sisih kiwa rai sapi, kang ana ing buri rai manuk garudha.
11. Swiwine padha kaegarake mandhuwur, sarta adu pucuk ngloro-ngloro, dene swiwi liyane nutupi awake.
12. Kabeh lakune ing sapenere adhepe, menyang ngendi panuntuning roh, iya mrono parane; anggone lumaku ora nganggo mingar-minger.