5. “Mara padha mangana roti peparingSun,lan ngombea anggur kang wus Suncampur;
6. ninggala kabodhoan, supaya padha urip,lan nuruta dalane pangreten.”
7. Sing sapa mulang wong kang ambek memoyok, iku nekakake pamoyok marang awake dhewe,lan sing sapa melehake wong duraka, oleh panacad.
8. Aja melehake wong ambek memoyok, supaya kowe ora disengiti,wong wicaksana iku welehna, kowe bakal ditresnani.
9. Wong wicaksana pituturana, temah kawicaksanane mundhak,wong mursid wulangen, temah bakal mundhak kawruhe.
10. Wedi-asih marang Pangeran Yehuwah iku wiwitaning kawicaksanan,lan wanuh marang Kang Mahasuci iku pangreten.
11. Marga saka Ingsun umurira kawuwuhan,lan taun-tauning uripira katambahan.
12. Manawa sira wicaksana, kawicaksananira iku kanggo sira dhewe,sarta manawa sira ambek memoyok, iku sira dhewe kang bakal nanggung.
13. Wong wadon bodho iku criwis,banget anggone ora duwe pangalaman lan ora duwe isin.
14. Lungguh ana ing ngarepe lawange omahe,ana ing kursi ing papan-papan kang dhuwur ing kutha,
15. lan wong kang padha lumaku liwat ing dalan,kang jujur lakune padha diundang, celathune: