Wulang Bebasan 9:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Wong wadon bodho iku criwis,banget anggone ora duwe pangalaman lan ora duwe isin.

14. Lungguh ana ing ngarepe lawange omahe,ana ing kursi ing papan-papan kang dhuwur ing kutha,

15. lan wong kang padha lumaku liwat ing dalan,kang jujur lakune padha diundang, celathune:

16. “Sapa kang ora duwe pangalaman, iku padha mrenea,”lan wong kang cupet budine iku dituturi:

17. “Banyu colongan iku legi,lan roti kang dipangan kalawan ndhelik-ndhelik iku enak.”

18. Mangka wong kang cupet ing budi mau ora sumurup yen ing kono dununge arwah-arwahlan wong-wong kang diampirake wong wadon mau ana ing jagade wong mati.

Wulang Bebasan 9