7. Awit lidhahingSun nggelarake kabeneran,lan duraka iku kanisthan tumrap lathiningSun.
8. Apa kang metu saka ing lesaningSun iku adil,ora pisan-pisan ana kang mlinthat-mlinthut utawa cidra.
9. Kabeh iku cetha tumrape wong kang pinter,sarta bener ingatase kang duwe kawruh.
10. PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka,lan kawasisan ngluwihi mas murni.
11. Awitdene kawicaksanan iku ajine ngungkuli raja-peni,sarta apa bae kang dikepengini wong, ora ana kang madhani.
12. Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran,lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan.
13. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala,Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala,apadene cangkem kang kebak cidra.
14. Pitutur sarta panglimbang iku kagunganingSun,Ingsun kang kagungan pangreten, lan Ingsun kang kagungan kakiyatan.