Wulang Bebasan 8:10-13 Kitab Sutji (JAV)

10. PamerdiningSun iku tampanana ngluwihi salaka,lan kawasisan ngluwihi mas murni.

11. Awitdene kawicaksanan iku ajine ngungkuli raja-peni,sarta apa bae kang dikepengini wong, ora ana kang madhani.

12. Mungguh Ingsun, Sang Wicaksana, nunggal bebarengan karo kapinteran,lan Ingsun nemokake kawruh lan kawicaksanan.

13. Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala,Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala,apadene cangkem kang kebak cidra.

Wulang Bebasan 8