22. Dumadakan wong nom mau banjur ngetutake wong wadon ikukaya sapi dituntun menyang pajagalan,sarta kaya wong bodho kang dibanda arep kaukum;
23. nganti ana panah kang nunjem ing atine,iya kaya manuk kang marani kala kalawan rerikatan,ora ngreti yen uripe kaancam ing bebaya.
24. Mulane, he bocah-bocah, padha ngrungokna pituturku,tilingna tembung-tembunging cangkemku.
25. Atimu aja nganti kagendeng marang dalane wong wadon iku,aja nasarake awakmu dhewe ana ing dalan-dalane.
26. Marga wus akeh wong kang tiwas dening wong wadon iku,sarta akeh banget cacahe wong kang dipateni.
27. Omahe iku dalan kang anjog ing jagading wong mati,kang mudhun menyang ing senthong-senthonging pati.