20. He anakku, pepakone bapakmu estokna,lan aja ninggal piwulange ibumu.
21. Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu,lan kalungna ing gulumu.
22. Samangsa kowe lumaku, kowe bakal dipimpin,lan samangsa kowe turu, ditunggu,yen kowe tangi, bakal diajak guneman.
23. Dene pepakon iku minangka damar, lan piwulang iku minangka pepadhang,sarta pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip,
24. bakal ngayomi kowe saka wong wadon tuna-susila,lan ilate wong wadon liya kang lunyu.
25. Aja kayungyun marang ayune ing sajroning atimu,aja nganti ketarik dening idepe.
26. Marga kanggone wong wadon tuna-susila,kang diprelokake iku anggone bisa oleh rejeki,nanging bojoning liyan mburu nyawa kang adi.
27. Apa bisa wong nggembol geni ana ing klambinelan ora kobong sandhangane?
28. Utawa apa iya wong mlaku ing sandhuwure mawa,kok ora gosong sikile?