Wulang Bebasan 6:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Tanpa guna lan nisthawong kang urip kalawan cangkem kang cidra,

13. kang mripate kedhep-kedhep,kang muter-muter sikile lan nyasmitani srana drijine,

14. kang atine ngangen-angen kaculikan, kang tansah ngrantam-rantam piala,lan kang njalari tukar padu;

15. mulane banjur dadakan katempuh ing bilai,sadhela bae rusak lan ora bisa dipulihake maneh.

16. Nem prakara iki kang disengiti dening Pangeran Yehuwah,malah pitung prakara kang dadi jejember tumrap galihe;

17. iya iku mripat gumunggung, ilat cidra,tangan kang ngwutahake getihe wong kang ora salah;

18. ati kang ngrantam-rantam piala,sikil kang enggal-enggal marani piala,

19. seksi palsu, kang ngucapake ujar pagorohan,sarta kang njalari ecrahe sadulur.

20. He anakku, pepakone bapakmu estokna,lan aja ninggal piwulange ibumu.

21. Iku kabeh tansah kumanthila ana ing atimu,lan kalungna ing gulumu.

22. Samangsa kowe lumaku, kowe bakal dipimpin,lan samangsa kowe turu, ditunggu,yen kowe tangi, bakal diajak guneman.

23. Dene pepakon iku minangka damar, lan piwulang iku minangka pepadhang,sarta pameleh kang isi pamerdi iku dalaning urip,

Wulang Bebasan 6