Wulang Bebasan 5:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu,lan cethake lunyu ngungkuli lenga;

4. nanging wekasane pait kaya rempelu,lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen,

5. tumapaking dlamakane mudhun menyang pati,jangkahe anjong marang jagading wong mati.

6. Lakune ora metu ing dalaning urip,lakune nasar ora kanthi disumurupi.

7. Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku,aja nyimpang saka pituture cangkemku.

8. Lakumu ngedohana wong wadon mau,lan aja nyedhaki lawanging omahe,

9. supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya,lan umurmu marang kang ambek siya;

10. supaya wong liya aja nganti maregi awake srana kasugihanmu,lan pituwasing kangelanmu aja nganti tumiba marang wong kang ora kokwanuhi,

11. lan ing wekasane kowe bakal sambat-sambat,yen daging lan awakmu padha rusak kabeh;

12. sarta pangucapmu: “Yagene aku kok gething marang pamerdi,lan atiku kok nampik pameleh,

13. yagene aku ora ngrungokake pituture para guruku,lan ora nilingake marang tembunge kang padha mulang aku?

Wulang Bebasan 5