1. He anakku, nggatekna marang kawicaksananku,kupingmu tilingna marang kapinteran kang dakwulangake,
2. supaya kowe gondhelan ing kawicaksanan,lan lambemu ngemota kawasisan.
3. Awit lambene wong wadon tunasusila netesake madu,lan cethake lunyu ngungkuli lenga;
4. nanging wekasane pait kaya rempelu,lan landhepe kaya pedhang kang mempan kiwa-tengen,
5. tumapaking dlamakane mudhun menyang pati,jangkahe anjong marang jagading wong mati.
6. Lakune ora metu ing dalaning urip,lakune nasar ora kanthi disumurupi.
7. Awit saka iku, he bocah-bocah, padha ngrungokna tembung-tembungku,aja nyimpang saka pituture cangkemku.
8. Lakumu ngedohana wong wadon mau,lan aja nyedhaki lawanging omahe,
9. supaya kanomanmu aja kokpasrahake marang wong liya,lan umurmu marang kang ambek siya;
10. supaya wong liya aja nganti maregi awake srana kasugihanmu,lan pituwasing kangelanmu aja nganti tumiba marang wong kang ora kokwanuhi,