Wulang Bebasan 4:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Marga nalika aku isih bocah tunggal saomah karo bapakku,aku ringkih lan dadi anak ontang-antinge ibuku;

4. aku diwulang bapakku, pituture mangkene: “Atimu dimen nggondheli tembung-tembungku;pituturku tetepana, temah kowe bakal urip;

5. mbudidayaa supaya oleh kawicaksanan, marsudia supaya oleh pangreten,aja ndleya lan aja nyimpang saka tembung-tembung kang metu saka ing cangkemku.

6. Aja nyingkur marang kawicaksanan, temah kowe bakal direksa,iku tresnanana, temah kowe bakal digumateni.

7. Wiwitane kawicaksanan iku: marsudia supaya oleh kawicaksanan,lan mbudidayaa oleh pangreten srana sabarang kang wus kokdarbeni.

8. Iku ajenana, temah kowe bakal diluhurake,manawa kokrangkul, kowe bakal kadadekake kajen keringan.

9. Sirahmu bakal dietrapi oncen-oncen kembang kang endah,sarta kowe bakal diwenehi makutha kang adi.”

10. He anakku, rungokna lan tampanana pituturku,temah bakal dawa umurmu.

Wulang Bebasan 4