15. Dalan iku dohana, aja metu ing kono,nyimpanga lumakua terus,
16. awit wong iku padha ora bisa turu,yen durung nindakake piala, ngantuke ilang,yen durung gawe kesandhunge wong;
17. awit padha mangan roti pametuning duraka,sarta ngombe anggur pametune ambek siya.
18. Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk,kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.
19. Dalane wong duraka iku kaya pepeteng,padha ora sumurup apa kang marakake kesandhung.
20. He anakku, nggatekna tembungku,kupingmu telingna marang apa kang dakucapake:
21. kabeh iku aja nganti sumingkir saka ing ngarepmu,simpenen ana ing sajroning telenge atimu;
22. awit iku dadi panguripane wong kang nemu,lan dadi kawarasaning badane sakojur.
23. Atimu reksanen kanthi waspada,awit iku etuking panguripan.