Wulang Bebasan 31:19-30 Kitab Sutji (JAV)

19. Tangane ditumpangake ing jantra,drijine nyekel onthelane.

20. Tangane diulungake marang wong kang katindhes,ngulurake tangane marang wong mlarat.

21. Ora nyumelangake wong saomah kabeh ing mangsa tibaning salju,marga wong saomah padha manganggo rangkep.

22. Gawe babut kanggo awake dhewe,pangganggone arupa lena alus lan kain wungu.

23. Kang lanang kondhang ana ing gapuraning kutha,samangsa lelungguhan karo para tuwa-tuwane nagara.

24. Kang wadon gawe sandhangan lena, banjur diedol,sarta masrahake sabuk marang para wong dagang.

25. Panganggone kekuwatan lan kaluhuran,tumrap dina buri mung gumuyu bae.

26. Anggone ngangapake cangkeme kalawan kawicaksanan,lan ilate kadunungan piwulang kang alus.

27. Tansah ngulat-ulatake samobah-mosiking brayate,lan ora tau mangan rejeki wohing tindak kesed.

28. Anak-anake padha tangi sarta ngarani biyunge rahayu,dalah bojone iya ngalembana marang kang wadon, pangucape:

29. Akeh wong wadon kang nindakake kautaman,nanging kowe ngungkuli iku kabeh.

30. Warna endah iku goroh lan ayune rupa iku tanpa guna,nanging wong wadon kang wedi asih marang Pangeran Yehuwah iku kaalembana.

Wulang Bebasan 31