Wulang Bebasan 30:27-33 Kitab Sutji (JAV)

27. walang iku ora duwe ratu,nanging padha baris kanthi tumata,

28. cecak iku kena kacekel nganggo tangan,nanging ing kadhatone para ratu iya ana.

29. Ana kewan telu kang gagah jangkahe,malah papat kang jangkahe bregas, yaiku:

30. singa kang prakosa dhewe padha-padha kewan,sarta ora mundur ngadhepi apa bae.

31. Jago kang angkuh, utawa wedhus lanang,lan ratu kang tindak ing ngarepe kawulane.

32. Manawa kowe ngumukake awakmu dhewe, dadia tanpa pikir, dadia sawuse kokrasakake,tanganmu tutupna ing cangkemmu.

33. Awit puwan iku manawa diwenyet-wenyet metu mertegane,yen irung dipijet-pijet metu getihe,yen nepsu dipejet marakake kerengan.

Wulang Bebasan 30