Wulang Bebasan 30:14-27 Kitab Sutji (JAV)

14. ana turun kang untune arupa pedhang,lan bame arupa lading,kanggo mangsa marang para wong kang tinindhes nganti entek saka ing bumining wong kang padha katindhes,para wong miskin ing antarane manungsa.

15. Lintah iku duwe anak wadon loro,sakarone padha muni: “Kanggo aku!” lan “Kanggo aku!”Ana telung prakara kang ora bisa wareg-wareg,malah patang prakara kang ora tau muni: “Wus cukup!”

16. Jagade wong mati lan guwa-garba kang gabug,lan bumi kang ora bisa wareg banyu,sarta geni kang ora tau ngucap: “Wus cukup!”

17. Mripat kang nyampahi marang bapa,sarta emoh mituhu marang biyung,iku bakal dithothol dening manuk gagak ing pinggir kalilan kamangsa dening anake manuk garudha.

18. Ana telung prakara kang dakgumuni,malah patang prakara kang ora dakngreteni;

19. yaiku: lakune manuk garudha ing awang-awang,lakune ula ana ing parang,lakune prau ana ing tengahe sagara,sarta lakune wong lanang karo prawan.

20. Lakune wong wadon bedhang iku mangkene:dhisike mangan, banjur ngusapi cangkeme,nuli ngucap: Aku ora nglakoni ala.

21. Ana telung prakara kang ndadekake bumi horeg,malah patang prakara kang ndadekake ora betahe:

22. marga batur tukon manawa dadi ratu,marga wong gemblung manawa kewaregen,

23. marga wong wadon kang ora disenengi ing wong manawa oleh bojo,apadene marga rewang wadon kang ngesur kalenggahane bendarane putri.

24. Ing bumi ana kewan papat kang cilik dhewe,nanging kang cukat banget:

25. semut iku golongan kang ora rosa,nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan,

26. kancil iku golongan kang ringkih,nanging anggone gawe omah ana ing sajroning parang,

27. walang iku ora duwe ratu,nanging padha baris kanthi tumata,

Wulang Bebasan 30