11. Ana turun kang nyupatani bapakne,lan ora mberkahi marang biyunge.
12. Ana turun kang nganggep marang awake dhewe resik,mangka durung dikumbah reregede dhewe.
13. Ana turun kang wateke angkuh,lan ladak mripate;
14. ana turun kang untune arupa pedhang,lan bame arupa lading,kanggo mangsa marang para wong kang tinindhes nganti entek saka ing bumining wong kang padha katindhes,para wong miskin ing antarane manungsa.
15. Lintah iku duwe anak wadon loro,sakarone padha muni: “Kanggo aku!” lan “Kanggo aku!”Ana telung prakara kang ora bisa wareg-wareg,malah patang prakara kang ora tau muni: “Wus cukup!”
16. Jagade wong mati lan guwa-garba kang gabug,lan bumi kang ora bisa wareg banyu,sarta geni kang ora tau ngucap: “Wus cukup!”