Wulang Bebasan 3:32-35 Kitab Sutji (JAV)

32. awitdene wong kang laku nasar iku nistha tumrap Sang Yehuwah,nanging karo wong kang temen pasrawungane raket.

33. Omahe wong duraka iku kanggonan laknate Sang Yehuwah,nanging panggonane wong mursid diberkahi.

34. Para wong ambek memoyok iku dipoyoki dening Panjenengane,nanging para wong kang andhap asor iku dikasihi.

35. Wong wicaksana bakal oleh warisan kaurmatan,nanging wong punggung bakal tampa pamoyok.

Wulang Bebasan 3