10. temah lumbungmu bakal dikebaki nganti luber,lan pamipitanmu luber anggure.
11. He anakku, aja nampik marang pamerdine Sang Yehuwah,lan aja bosen marang pepengete,
12. awitdene Pangeran Yehuwah iku matrapi sapa wong kang disihi,iya kaya bapa anggone matrapi marang anak kang ditresnani.
13. Rahayu wong kang tampa kawicaksanan,wong kang oleh kapinteran,
14. awitdene oleh-olehane kawicaksanan iku ngluwihi oleh-olehane salaka,lan pikolehe ngungkuli emas.
15. Ajine ngluwihi raja-peni,apa bae kang kokkarepake ora bisa madhani.
16. Tangane tengen nggegem umur dawa,kang kiwa nyekel kasugihan lan kaurmatan.
17. Dalane iku kebak kabegjan,lan sakehe lurunge anane mung tentrem.