20. Kowe weruh wong kang gumampang ngetokake tetembungan;wong gemblung pangarep-arepe luwih akeh katimbang wong iku.
21. Sing sapa nguja rewange wiwit enom,wekasane malah ndadekake rewang mau kaduk-wani.
22. Wong kang gampang nepsu nukulake tukar-padu,sarta wong brangasan akeh panerake.
23. Watek angkuh njalari asoring awak,nanging kang andhap-asor iku oleh pangalem.
24. Sing sapa nampani panduman saka maling, iku sengit marang awake.Wus krungu tumibaning ipat-ipat, nanging ora disumurupi.
25. Wedi marang wong, iku nggawa kala jiret,nanging sing sapa kumandel marang Pangeran Yehuwah iku kaayoman.