Wulang Bebasan 29:2-17 Kitab Sutji (JAV)

2. Samangsa cacahe wong bener mundhak akeh, rakyat bungah,nanging manawa wong duraka nyekel pangwasa, rakyat sambat.

3. Wong kang tresna marang kawicaksanan, iku ndadekake bungahe bapakne,nanging kang srawungan karo wong wadon tuna-susila iku ngebreh-ebreh bandhane.

4. Sarana kaadilan ratu anggone nyantosakake nagarane,nanging kang kakehan anggone narik pajeg ndadekake ambruke.

5. Sing sapa ngonggrong-onggrong pepadhane,iku masang jiret ana ing ngarepe sikile.

6. Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe,nanging wong bener iku bakal bungah-bungah lan sukarena.

7. Wong bener nyumurupi wewenange wong sekeng,nanging wong duraka padha ora ngreti.

8. Wong ambek memoyok ngisruhake kutha,nanging wong wicaksana padha ngendhakake nepsu.

9. Wong wicaksana manawa prakaran karo wong bodho,wong bodho mau ngamuk lan gumuyu, temah rame.

10. Wong kang ngorong marang wutahing getih, padha sengit marang wong saleh,nanging wong jujur padha ngupaya kaslametane.

11. Wong gemblung nguja sakehe kanepsone,nanging wekasane wong wicaksana kang ngendhakake.

12. Manawa wong kang mrentah ngrungokake tembung doracara,para punggawane padha dadi wong duraka.

13. Wong miskin lan wong kang nindhes padha pethukan,sakaro-karone padha kapadhangake mripate dening Sang Yehuwah.

14. Ratu kang ngadili wong sekeng klawan adil,iku dhampare lestari kukuh ing salawas-lawase.

15. Gebug lan pameleh ngolehake kawicaksanan,nanging anak kang ditogake bae iku gawe wirange biyunge.

16. Yen cacahe wong duraka mundhak, panerak iya saya akeh,nanging para wong bener bakal padha nyipati ambruke.

17. Anakmu gulawenthahen, temah bakal ndadekake ayeming atimu,malah aweh kabungahan marang nyawamu.

Wulang Bebasan 29