1. Wong kang ngakokake githok, sanadyan wus diwelehake,iku bakal diremuk dadakan lan ora bisa dipulihake maneh.
2. Samangsa cacahe wong bener mundhak akeh, rakyat bungah,nanging manawa wong duraka nyekel pangwasa, rakyat sambat.
3. Wong kang tresna marang kawicaksanan, iku ndadekake bungahe bapakne,nanging kang srawungan karo wong wadon tuna-susila iku ngebreh-ebreh bandhane.
4. Sarana kaadilan ratu anggone nyantosakake nagarane,nanging kang kakehan anggone narik pajeg ndadekake ambruke.
5. Sing sapa ngonggrong-onggrong pepadhane,iku masang jiret ana ing ngarepe sikile.
6. Wong kang ala kejiret dening panerake dhewe,nanging wong bener iku bakal bungah-bungah lan sukarena.