Wulang Bebasan 28:8-10 Kitab Sutji (JAV)

8. Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake,iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.

9. Sing sapa ngenggokake kupinge emoh ngrungokake angger-angger,iku pandongane uga nistha.

10. Sing sapa nasarake wong jujur marang dalan kang ala,iku bakal kacemplung ing luwangane dhewe,nanging wong kang ora duwe cacad bakal oleh warisan kabegjan.

Wulang Bebasan 28