Wulang Bebasan 26:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kaya tumibane salju ing mangsa panas lan tibane udan ing mangsa panen,kaya mangkono wong gemblung ora patut diurmati.

2. Kayadene manuk emprit mabur nggeblas, utawa kaya manuk sriti mabur kalangan,iya mangkono ipat-ipat kang tanpa sabab ora bakal tumama.

3. Cemethi iku tumrap ing jaran, kendhali tumrap ing kuldi,lan gebug tumrap gegere wong gemblung.

4. Anggonmu mangsuli marang wong gemblung aja manut kabodhoane,supaya kowe dhewe aja dadi pepadhane wong iku.

5. Anggonmu mangsuli marang wong gemblung ngemperana kabodhoane,supaya wong iku aja nganti rumangsa wasis.

6. Sing sapa kongkonan wong gemblung,iku ngethok sikile dhewe lan ngombe kacilakan.

7. Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung,iku kaya sengklehing sikile wong lumpuh.

8. Kayadene watu kang katalenan ing bandhil,iya kaya mangkono wong kang ngurmati wong gemblung.

9. Wulang bebasan ing cangkeme wong gemblung,iku prasasat eri kang tumancep ing tangane wong mendem.

Wulang Bebasan 26