Wulang Bebasan 25:20-27 Kitab Sutji (JAV)

20. Wong kang ngidungake lelagon tumrap ati kang sedhih,iku upamane kaya wong kang cuculklambi ing mangsa bedhidhing,utawa kang ngesoki cokak ing tatu.

21. Manawa satrumu keluwen, wenehana mangan roti,manawa ngelak, wenehana ngombe banyu:

22. awit kowe bakal ngentepi mawa ing sirahe,sarta Pangeran Yehuwah bakal males marang kowe.

23. Angin saka lor nggawa udan,guneman bisik-bisik, ulat mrengut.

24. Pilih manggon ana ing pojok payon,tinimbang manggon saomah karo wong wadon kang dhemen grejegan.

25. Pawarta becik saka ing nagara adoh iku,kaya banyu adhem tumrap ing nyawa kang ngelak.

26. Wong bener kang kuwatir ana ing ngarepe wong duraka,iku kaya tuk buthek utawa sumber kang reged.

27. Ora prayoga mangan madu akeh iku;mulane diarang anggonmu nglairake tembung pangalembana.

Wulang Bebasan 25