1. Iki uga wulang bebasan anggitane Sang Prabu Suleman kang diklumpukake dening para abdine Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda.
2. Kaluhurane Gusti Allah iku nyimpen prakara kayadene wadi,nanging kaluhurane para ratu iku niti-priksa prakara.
3. Sapira dhuwure langit lan jerone bumi,kaya mangkono panggalihe para ratu iku anggone ora kena dijajagi.
4. Taine salaka singkirna,temah kemasan bisa oleh barang kang kagawe piranti.
5. Wong duraka singkirna saka ing ngarsaning ratu,temah dhampare kasantosakake dening kabeneran.
6. Aja pamer ana ing ngarsaning ratu,utawa ngadeg ana ing papane para panggedhe.
7. Awit luwih becik kowe kadhawuhan mangkene: “Mrenea majua ing dhuwur kene!”Tinimbang karo dikon mundur, pinirsanan dening para luhur.Apa mripatmu ndeleng,