Wulang Bebasan 24:2-11 Kitab Sutji (JAV)

2. awit atine tansah ngangen-angen arep nganiaya,lan lambene ngrembug bab kasangsaran.

3. Srana kawicaksanan omah iku kaadegake,lan kasantosakake dening kapinteran;

4. sarta srana kawasisan kamar-kamare padha kaisenan,raja-brana warna-warna kang larang regane lan kang nengsemake.

5. Wong wicaksana iku luwih wibawa tinimbang wong santosa,semono uga wong kang duwe kawruh iya luwih wibawa tinimbang wong gagah prakosa.

6. Awit mung srana siasat anggonmu bisa nglurug perang,sarta kaunggulan iku gumantung kehe wong kang dadi juru pirembug.

7. Kawicaksanan iku kedhuwuren tumrap wong bodho,mulane ana ing gapura ora mbukak cangkeme.

8. Sapa kang tansah ngrantam piala,bakal kaaranan tukang ngapusi.

9. Mikir kabodhoan iku marakake dosa,sarta wong ambek memoyok iku nistha tumrap manungsa.

10. Saupama ing dina karubedan atimu semplah,iku nelakake kuranging kekuwatanmu.

11. Wong kang diglandhang arep dipateni iku luwarana,lan kang sempoyongan marani papan panyembelehan, iku slametna.

Wulang Bebasan 24