Wulang Bebasan 24:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Aja meri marang wong ala,lan aja srawungan karo wong iku;

2. awit atine tansah ngangen-angen arep nganiaya,lan lambene ngrembug bab kasangsaran.

3. Srana kawicaksanan omah iku kaadegake,lan kasantosakake dening kapinteran;

4. sarta srana kawasisan kamar-kamare padha kaisenan,raja-brana warna-warna kang larang regane lan kang nengsemake.

Wulang Bebasan 24