9. Aja guneman ana ngarepe wong gemblung,marga iku bakal ngremehake tuturmu kang patitis.
10. Aja ngelih tenger watese lemah kang lawas,lan aja lumebu ing pategalane bocah lola.
11. Awitdene kang nebus iku santosa,Pangeran kang mbelani prakarane nglawan marang kowe.
12. Migatekna marang panggulawenthah,lan kupingmu telingna marang tembung-tembung kang isi kawruh.
13. Aja nglirwakake pamerdi marang anak,iku manawa kokgitik nganggo penjalin ora ndadekake patine.
14. Kowe nggitik nganggo penjalin,nanging kowe ngentasake nyawane saka ing jagade wong mati.
15. He anakku, manawa atimu wicaksana,iku iya ndadekake bungahing atiku.
16. Nyawaku abungah-bungah,manawa lambemu ngucapake kang jujur.